FOKUS KUDUS- KHUTBAH JUM'AT (Bhs.Jawi) Ndidik Dzurriyah
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَركَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ, اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِىْ جَعَلَ كُلَّ شَيْئٍ إِعْتِبَارًا لِّلْمُتَّقِيْنَ * وَجَعَلَ بَهْجَةً وَّسُرُوْرًا فِى قُلُوْبِ الْمُسْلِمِيْنَ* اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللّٰهُ وَحـْدَهُ لاَشـَرِيْكَ لَهُ، لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِى وَيُمِيْتُ وَهُوَعَلَى كُلِّ شَيْئ ٍقَدِيْرٌ* وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ * اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمـَّدٍ سَيِّدِ اَفَْضلِ اْلاَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ *وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَاِبه اَجْمَعِيْنَ* اَمَّا بَعْدُ، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ اِلاَّوَاَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ * قَالَ اللّٰهُ تَعَالىَ وَلْيَخْشَ ٱلَّذِينَ لَوْ تَرَكُواْ مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَـٰفاً خَافُواْعَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُواْ اللّٰهَ وَلْيَقُولُواْ قَوْلاً سَدِيْداً
Kaum muslimin rahimakumullah.
Langkung rumiyin kula wasiat dumateng awak kula piyambak, ugi dumateng panjenengan sedaya, mangga tansah samiya ningkataken taqwa dumateng Allah swt. Kanti nambahi tawakal lan pasrah dumateng Allah swt.
Ugi ninda’aken sedaya printahipun lan nebihi sedaya awisanipun. Sehingga kita dados kawula ingkang tansah dipun ridlani dening Allah swt.
Para putra lan putri kita minangka harapan lan penerus sejarah kita supados anggadahi ilmu, soho keahlian langkung-langkung anggadahi budi pekerti ahlakul karimah menika mutlak kedah sami belajar kawruh agami lan tatakrami wonten ing bangkuning pasinaon. Jalaran kamulyan dunya lan akhirat punika mesti kanti lantaran kawruh lan ilmi.
Wondene ilmu punika namung saget dipun gayuh lantaran thalabul ilmi, lumantar pendidikan.
Pramila minangka tiang sepuh kita kedah anggadahi kawigatosan, malah kedah nggadahi raos kuatos dateng para putra wayah menawi ngantos kawontenanipun ringkih, lan lemah babagan aqidah lan pendidikanipun. Allah sampun paring dawuh :
وَلْيَخْشَ الَّذِيْنَ لَوْ تَرَكُوْا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعٰفًا خَافُوْا عَلَيْهِمْۖ فَلْيَتَّقُوا اللّٰهَ وَلْيَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا
“Lan supaya wong wong iku nduwe rasa kuwatir lamun pada ninggalake tedak turun kang pada ringkih, becik supaya kuwatir marang kabeh mau. Mula pada wedia ing Gusti Allah lan pada ngucapa kelawan ucapan kang becik”. (QS. An Nisa’ : 9)
Ampun ngantos tiang sepuh mboten nggatosaken pendidikan lan sesrawunganipun para putra wayah, ngumbar putra putri dados panji klantung mboten sekolah, mboten ngaji, mboten makarya, mboten anggadahi arah tujuan hidup, ngantos ngicalaken kesempatan ing usia belajar, namung nunggu datengipun usia tua, utawi nengga datengipun ajal.
Kaum muslimin rahimakumullah
Putra-putri kita, mboten cekap pinter kemawon, ananging pendidikan akhlak jauh lebih penting. Pramila pendidikan agami lan tata krami mutlak dipun betahaken dening para putra. Kita ampun nyalahaken tiang sanes menawi putra dados duraka lan lacut. Rasul paring dawuh.
كُلُّ مَوْلُودٍ يُوْلَدُ عَلَى الْفِطْرَةِ فَأَبَوَاهُ يُهَاوَدَانِهِ أويُمَاجِسَانِهِ أوْ يُنَاصَرَانِهِ الحدث
Kabeh bocah kang lahir, iku suci netepi ing ndalem pitrahe tumuli wong tua lorone sing ndadekake bocah mau yahudi, majusi, utawa nasrani.
Pramila prayogi pendidikan tentu kedah mempertimbangkan dateng keseimbangan dunia lan akhirat, awit kejawi kita nggayuh kemulyaan wonten akhirat, Kita tentu anggadahi harapan gesang ingkang sae, yuswa panjang lan barokah. Sahingga gesang kita :
“Sa’idun fiddunya wal akhirah” Beja dunya lan beja akhirat, nderek dawuhipun Rasulullah saw :
لآيؤمِنُ أحَدَكُمْ مَنْ تَرَكَ دُنْيَاهُ لاِخِرَتِهِ ولآأَخِرَتَهُ لِدُنْيَاهُ الحدث
Mboten sempurna iman setunggaling tiyang ingkang nilaraken dunyanipun kangge akhiratipun, lan mboten sempurna ugi piyantun ingkang ninggalaken akheratipun namung kagem dunianipun kemawon.
Mila mangga kita sedaya ngupadi pendidikan ingkang seimbang duniawi lan uhrawi, sejalan kalian nafas lan aqidah kita Ahlussunnah wal jama’ah, khususipun pendidikan ingkang magayutan kalian agami, samangke saget mikul duwur mendem jeru dateng tiyang sepehipun. Sahingga dados waladun shalihun yad’u lah, ugi dados tiyang ingkang sa’idun fiddunya wa sa’idun fil akhirah Amin ya rabbal ‘alamin.
Mekaten mugiya dados pemut dateng kita khususipun, lumeber dumateng masyarakat kaum muslimin. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِى وَلَكُمْ فِى اْلقُرْأَنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعِنَي وَاِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ اْلايَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْمِ اَقَوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ وَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُالرَّحِيْمُ
Artikel Terkait
Teks Khotbah Menyongsong Tahun Baru
Kumpulan teks Khotbah Jumaat Abadi
DAMPAK MAKSIAT BAGI HATI.
Berhasil Lolos, Timnas U23 Catatkan Sejarah. Erick Thohir: Momentum Bagus Untuk Sepakbola Indonesia
Khotbah Teks Bahasa Arab
Pengamat: Erick Thohir Sukses Bangun Tradisi Juara Timnas Indonesia
Erick Thohir Dinilai Bawa Tradisi dan Mental Juara ke Sepak Bola Indonesia
Biografi Lengkap Pengarang Kitab Fathul Qarib
Mencari Ilmu Demi Ridha Allah
Ihtiar dan tawakal.
Teks Khutbah Jumat Paling Pendek Menyambut Bulan Maulid 1445 H Edisi 15 September 2023 tema Maulid Nabi
Naskah Khutbah Jumat Paling Pendek Menyambut Bulan Maulid Edisi 15 September 2023 tema Cinta Kepada Nabi Allah
Ihtiar dan Tawakal.
Naskah Khutbah Jumat Menyambut Bulan Maulid edisi 15 September 2023 dengan tema Teladan Perjuangan Rasulullah
Genap 2 Tahun, Kinerja Holding Ultra Mikro — BRI, Pegadaian, dan PNM, Luar Biasa
Kini Ketua TPN Ganjar, Arsjad Rasjid Patut Dipertimbangkan Jadi Cawapres: Buat Ekonomi Indonesia Kuat
KHUTBAH JUM'AT Tholabul Ilmi.
KHUTBAH JUM'AT (Versi Bahasa Jawi) Tholabul Ilmi.
Khutbah Jum'at: Hikmah Hijrah Rasulullah SAW
Teks Khotbah : Imam Al-Ghazali dan muridnya
Pahala membersihkan masjid.
Gilir Gumantosing Mangsa (Versi Bahasa Jawa)
KHUTBAH JUM'AT Hijrah Gerbang Kejayaan
David Bayu Ramaiakan Braga di Bandung, Dikejutkan Erick Thohir
Hadiri Rakernas di Solo, Presiden Jokowi Sebut Nama Erick Thohir
KHUTBAH JUM'AT (Bhs.Jawi) Prengetan Maulid Nabi
Maulid Nabi Muhammad SAW
Maulid Nabi Muhammad SAW. Versi 1
Naskah Khutbah Jumat Singkat Bulan Maulid 1445 H edisi 22 September 2023 tentang Meneladani Akhlak Rasulullah
Maulid Nabi Muhammad SAW edisi 2.