Maulid Nabi Muhammad SAW. Versi 1

- Senin, 18 September 2023 | 18:00 WIB
fokus kudus (maulid nabi)
fokus kudus (maulid nabi)

FOKUS KUDUS- Maulid Nabi Muhammad SAW.
Khotbah versi bahasa Jawa
 
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الحمدُ للهِ الذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ اْلحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ٭ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه ٭ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِمْ وَبَارك عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ ٭ أمَّا بَعْدُ، فَياَ عِباَدَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ ٭
لَـقَدْ جَآءَكُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِا لْمُؤْمِنِيْنَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten ing kesempatan ingkang sae maniko, monggo kito ngajak dateng kulo lan panjenegan kersoho sami netepi iman lan Islam, sarto ndereki sedoyo perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun ngangge ilmu pengetahuna agami. Supados kulo lan panjenengan sedoyo sageto pikantuk kawilujengan ing ndunyo dumugi akhirat.
Alhamdulillah tahun meniko kito sedoyo tasik saget manggihi wulan Rabii’ul Awwal utawi Maulud. Wulan Rabi’ul Awwal meniko klebet wulan ingkang nggadahi sejarah ageng kangge dunia umumipun, lan kangge kito umat Islam khususipun, nggih meniko dinten kelahiranipun Rasulullah Muhammad SAW.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kenging nopo kito sedoyo perlu memperingati dinten kelahiranipun Rasulullah Muhammad SAW? Kerono kelahiranipun Rasulullah SAW meniko mujutaken rahmat ingkang ageng sanget kangge umat manusia.
Kados dawuihipun Allah SWT ing dalem kitab suci Al Qur’an:
وَمَاۤ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّـلْعٰلَمِيْنَ
tegesipun: Lan ora ingsun ngutus siro Muhammad, kejobo dadi rahmat kanggo alam semesta.
(QS. Al-Anbiya Ayat 107)
Kajawi saking maniko ugi dipun sebat ing salah setunggalipun hadits :
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ , قَالَ : قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : " يَأَيُّهَا النَّاسُ إِنَّمَا أَنَا رَحْمَةٌ مُهْدَاةٌ
Artosipu : He..poro menungso, sak temene aku Muhammad iku rahmat ingkang dihadiahno marang siro kabeh.
( Hr Abu Hurairah Ra )
Tegesipun, Rasulullah Muhammad SAW lahir kangge nyiaraken risalah saking Allah SWT. Supadoso kito sageto dados umat ingkang sak sae-saenipun ummat. Ummat ingkang nggadahi budi pekerti utawi akhlaq ingkang luhur. Kerono diutusipun Rasulullah SAW meniko kangge mdandani akhlake menungso. Supados kito saget ndandani aklhaq kito dateng Allah SWT lan dateng sesami menungso. Dawuhipun Rasulullah SAW:
إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ صَالِحَ الْأَخْلَاقِ
Artine : Sak temene ingsun Muhammad diutus kanggo nyempurnakno akhlaq-akhlaq kang mulyo.
(Hr Ahmad ).
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Maulid Nabi Muhammad SAW meniko dipun peringati kalian sebagian besar kaum muslimin wonten pundi kemawon. Tujuanipun mboten sanes supados kito sedoyo sageto neladhani akhlaqipun Rasulullah SAW. Acara-acara mauludan meniko, ampun namung didadosaken rutinitas, utawi acara seremonial mawon. Nanging, sebagai momen kangge mengevaluasi diri kito piyambak-piyambak, dumugi pundi kulo lan panjenengan sedoyo nyonto akhlaqipun Rasulullah SAW. Karono ing ndalem diri Rasulullah meniko wonten akhlaq ingkang agung, lan ugi wonten uswatun hasanah utawi suri tauladan ingkang sae. Menawi kulo lan panjenegan sedoyo saget nyonto, insyaallah kulo lan panjenengan sedoyo saget pikantuk kawilujengan lan syafa’atipun Rasullullah SAW mangke wonten qiyamul qiyamah.
Allah SWT Paring dawuh:
وَاِ نَّكَ لَعَلٰى خُلُقٍ عَظِيْمٍ
Artosipun : Lan temen-temen siro Muhammad anduweni akhlak kang agung.
(QS. Al-Qalam 68: Ayat 4)
Kajawi saking meniko sampun seirama kalian dawuhipun Allah Subhanahu Wa Ta'ala :
لَقَدْ كَا نَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَا نَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَا لْيَوْمَ الْاٰ خِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًا
Artosipun : Temen wis ono ing panjenengan ndalem Rasulullah iku contong kang apik kanggo siro kabeh, yo iku wong ingkang nyenyuwun rahmate Gusti Allah lan tekane dino Akhir, lan ngakeh-ngakehno nyebut asmane Gusti Allah.
(QS. Al-Ahzab 33: Ayat 21)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing antara akhlaqipun Rasulullah SAW nggeh meniko, Rasulullah SAW mujutaken pribadi ingkang sanget welas dumateng tiang-tiang faqir, miskin. Lan lare yatim. Rasulullah SAW meniko dermawan. Naliko dipun suwuni, Rasulullah SAW mboten nate nolak.
كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، أَجْوَدَ النَّاسِ……….فَلَرَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، أَجْوَدُ بِالْخَيْرِ مِنْ الرِّيحِ الْمُرْسَلَةِ
(روه بخاري)
Artosipum : Sak temene Rasulullah SAW iku pribadi kang paling dermawan…..lan sak temene Rasulullah SAW iku pribadi ingkang paling demawan ing sedoyo kesaenan ngluwihi angin kang mlakune gampang.
Sak meniko, kulo ngajak dateng jemaah monggo kito teladani sifat dermawanipun Rasulullah SAW, karono tasik katah sederek sak kiwo tengen kito niki ingkang gesang wonten sak ngandapipun garis kemiskinan, ingkang mboten saget nyukupi kebutuhan pokokipun.
Monggo kito bantu sederek-sederek kito ingkang mbutuhaken. Kangge mbantu sesami,mboten usah ngentosi panjenengan dados tiang ingkang sugih karono Rasulullah SAW meniko tiang ingkang paling sederhana, namung sifat kedermawananipun luar biasa. Wonten ing setunggalipun hadits dipun aturaken:
عَنْ أَبِيهِ عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ عَنْ رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهم عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ وَمَا زَادَ اللَّهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلَّا عِزًّا وَمَا تَوَاضَعَ أَحَدٌ لِلَّهِ إِلَّا رَفَعَهُ اللَّهُ
Artosipun : Ora bakal kurang bondo kang disodaqohno, wong kang seneng ngwenehi pangapuro moko bakal dimulyakno karo Gusti Allah, lan sopo wonge kang rendah hati, Allah bakal ngangkat derajate.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ingkang pungkasan kulo ngajak dateng diri kulo piyambak lan panjenengan sedoyo, monggo kito ningkataken rasa cinta marang SWT Allah kelawan nderek sedoyo perintahipun Rasulullah SAW.
قُلْ اِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللّٰهَ فَا تَّبِعُوْنِيْ يُحْبِبْكُمُ اللّٰهُ وَيَغْفِرْ لَـكُمْ ذُنُوْبَكُمْ ۗ وَا للّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ.
Artosipun : Ucapno "Yen siro kabeh temen-temen cinta mring gusti Allah, niru aku utowo ikuti aku (Muhammad), niscaya Allah yo bakal ngasihi siro dan ngampuni dosa-dosa siro kabeh.
Sak temene Gusti Allah Moho Pengampun Lan Moho Penyayang.
(QS. Ali 'Imran Ayat 31)
Lan monggo kulo lan panjenengan sedoyo, ngatah-ngatahaken maos sholawat maring Kanjeng Nabi Muhammad SAW. kados ingkang dipun perintahaken Allah SWT wonten ing QS. Al-Ahzab Ayat 57
اِنَّ الَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فِى الدُّنْيَا وَا لْاٰ خِرَةِ وَاَ عَدَّ لَهُمْ عَذَا بًا مُّهِيْنًا
supados kito saget pikantuk syafaatipun Rasulullah SAW, lan diselametaken Allah SWT saking bala’ lan musibah, karono sak meniko, katah sanget musibah ingkang nemahi woten negeri kito Indonesia meniko
وَمَا كَا نَ اللّٰهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَاَ نْتَ فِيْهِمْ ۗ وَمَا كَا نَ اللّٰهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ
Ingkang artosipun: Lan ora bakal Allah ngwenehi azab yen siro Muhammad ono ing tengah-tengahe wong-wong iku, Lan ora bakal Allah ngewehi azab kanggo wong-wong iku yen wong-wong iku gelem moco istighfar.
(QS. Al-Anfal 8: Ayat 33)
Mugi-mugi kito sedoyo didadosaken tiang-tiang ingkan cinta marang Allah lan kanjeng Nabi, lan saget meneladani akhlaqipun Rasulullah SAW, lan pikantuk syafaatipun mangke ten dinten qiyamat.
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم، ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم، أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم , إنه هو الغفور الرحيم.
Khotbah 2
اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا اَنَّ الله يُحِبُّ مَكَارِمَ الْأُمُوْرِ وَ يَكْرَهُ سَفَاسِفَهَا يُحِبُّ مِنْ عِبَادِهِ اَنْ يَّكُوْنُوْا فِى تَكْمِيْلِ اِسْلَامِهِ وَ اِيْمَانِهِ وَ اِنَّهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفَاسِقِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَ سَلَّمْتَ وَ بَارَكْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ الْأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.
اَللَّهُمَّ رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ
Semoga bermanfaat

Editor: Chissamuddin Ahmad

Tags

Artikel Terkait

Terkini

NASKAH DAN MATERI KHOTBAH PERJALANAN RUH ORANG BERIMAN

Senin, 25 September 2023 | 22:25 WIB

Tema Khotbah kali ini adalah : ANTARA HAQ & BATIL

Senin, 25 September 2023 | 20:20 WIB

Materi dan Naskah PERJALANAN RUH ORANG BERIMAN

Senin, 25 September 2023 | 19:25 WIB

Naskah dan Teks Khotbah dengan Judul Merasa Dirinya Suci

Senin, 25 September 2023 | 18:55 WIB

Naskah dan Materi KHUTBAH JUM'AT I S T I D R A J

Senin, 25 September 2023 | 18:35 WIB

MOTIVASI BUAT PARA USTADZ PARA KHOTIB

Minggu, 24 September 2023 | 20:25 WIB

RUKUN KHUTBAH 4 MADZAB AHLU SUNAH WAL JAMAAH

Minggu, 24 September 2023 | 19:25 WIB
X